Minggu, 09 April 2017

Kadigdayaan



Sapa satemene sing digdaya? Wiwit jaman iwak asu ora enak tekan saiki jamane iwak asu laris diedol neng warung "tongseng jamu", sing diarani wong digdaya kuwi ya wong sing weruh lan ngreti.

Sing weruh apa? Mesthi wae sing weruh apa-apa, kalebu weruh sing ora diweruhi dening wong akeh.

Sing ngreti apa? Ya wis mesthi sing ngreti marang apa-apa sing kerep ora dianggep prelu dingreteni dening wong akeh.

Yen ngono, wong sing bisa weruh wujude memedi kae wong digdaya? Hladalah! Kok mung cethek lan mung cupet tekan semono?! Kok dadi ora jero? Kok dadi ora jembar?

Yen isih ngugemi pangreten kang kaya mangkono, aja-aja awake dhewe iki ora nglegewa, ora rumangsa, ora nggrayang lan dumuk kahanan sing kelakon saiki. Nyatane, ing wektu iki wong sing luwih dhisik meruhi kabar kuwi digdaya tenan. Dheweke bakal ndhisiki dadi tukang andum kabar ngungkuli ampuhi wartawan. Senajan nyatane , akeh-akehe, sing diandumake lan disebarake kuwi "lola wara" (kabar tak bertuan alias hoax).

Nanging panggah wae, kanyatan sing kaya ngono kuwi dadi tandha menawa KAWRUH kuwi kadigdayan. Pengetahuan itu kesaktian. Bisa menyelamatkan. Bisa juga memakan korban. Bergantung digunakan oleh siapa dan untuk keperluan apa.

Sapa sing dina iki ora sregep kulak warta mesthi adoh saka begja lan bisa wae malah cilaka.

Sapa wae sing dina iki ora tekun golek wuwuhan kawruh mesthi mung bakal sambat "adhuh", sebab bakal kalah ampuh.

Sapa wae sing dina iki wis mupus ora gelem sinau meneh ya mesthi bakal dadi pangane wong liya sing mempeng sinau tur tegel apus-apus.

Sapa sing mbeguguk emoh nampa kabar anyar tan wurung mung bakal disingkurake, disingkirake, utawa malah kesasar dening polahe dhewe.

Dadi wong DIGDAYA kuwi jane GAMPANG. Ora kudu sugih jurus maut kaya pendekar.

Yen Panjenengan bisa weruh, ngreti, lan mudheng penjaluke anak senajan dheweke durung muni, kuwi tegese Panjenengan DIGDAYA. Yen Panjenengan bisa weruh, ngreti, lan mudheng marang pepenginane bojo senajan dheweke mung meneng wae, kuwi tegese Panjenengan DIGDAYA. Yen Panjenengan bisa weruh, ngreti, lan mudheng marang kabutuhane sedulur senajan dheweke durung matur, kuwi tegese Panjenengan DIGDAYA. Yen Panjenengan bisa weruh, ngreti, lan mudheng marang abot-repote tangga-teparo senajan dheweke ora blaka, kuwi tegese Panjenengan DIGDAYA.

Dadi, sing digdaya kuwi dudu mung Arjuna jalaran duwe aji Sepiangin lan duwe gaman Pasopati. Panjenengan kabeh digdaya tanpa aji-aji watone Panjenengan kabeh isih kadunungan rasa-rumangsa, saguh tetulung, gelem rerewang, kersa maca marang kahanan. Ora susah dadak adoh-adoh. Cukup diwiwiti saka kahanan ing sakiwa-tengene Panjenengan dhewe-dhewe wae.

─╬─ Ҳҳ--GANKSHTE22--Ҳҳ ─╬─